Bhatara Katong utowo Sunan Katong karo pasukane
tekan ing Kaliwungu lan milih panggonan ing pegunungan penjor utowo pegunungan
telapak kuntul melayang. Pirang-pirang tokoh ing rombongan kayata Ten Koe Pen
Jian Lien, Han Bie Yan lan raden panggung. Ing cerita tutur utowo cerita
rakyat, ketelu tokoh iku ing sawijineng dina kondang kanthi jeneng tekuk
penjalin, Kyai Gembyang lan Wali Joko.
Penyebaran Agama Islam ing sekitar Kaliwungu ora
ana alangan apa-apa. Nanging mlebu tlatah kang rada ngulon ana sawijineng tokoh
agama Hindu/Budha, dheweke yaiku mantan petinggi kadipaten ing kerajaan
majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu, sing jenenge Suro Menggolo utowo Empu
Pakuwojo.
Disebutke ing cerita tutur iku, dheweke yaiku
petinggi Majapahit kang ahli gawe gaman (pusaka) utowo empu. Dheweke Adipati
Majapahit kang pusat pemerintahane ing Kaliwungu / Kendal. Kanggo ngislamake
utowo ngajak Pakuwojo suporo mlebu agama Islam, ora gampang kayadene ngislamake
masyarakat biasa liyane. Biasane sifat gengsi lan krasa dadi taklukan yaiku
nyedaki bener. Amarga krasa duwe keluwihan, pengislaman kuwi diwernoni nganggo
adu kesakten kayadene Ki Ageng Pandaran ngislamake para “ajar” ing perbukitan
bergota / pulau tirang.
Kesepakatan utowo syarat-syarat digawe
nganggo rasa sadare ksatria pilih tanding. “yen Sunan Katong saguh
ngalahke, dheweke gelem mlebu Agama Islam lan dadi muride Sunan Katong”. Pola
adu kesakten kaya ngono pancen wis dadi budayaning wong-wong biyen, kang luwih
mentingake sportivitas pribadi. “iki dadaku – endi dadamu” utowo” sapa sing
nyerang dhisik, aku utowo kowe”, lan isih akeh maneh cara-cara sing kaya ngono.
Wong-wong biyen pancen sithik kang nglakokake “perang limpe utowo prang golek
kelemahan”. Perang kelemahan iku diterapake yen wis kedadeyan perang kang umum.
Karo dibatiri 2 kancane lan 1 sedulure, adu
kasekten mlaku kanthi rame. Perang antarane Pakuwojo lan Sunan Katong sakliyane
adu fisik uga adu kekuatan awak sing angel ditiru karo wong biasa. Pakuwojo ora
tau menang, dheweke pingin mlayu lan umpetan ing pikirane. Sunan Katong ora
bakal ngerti yen dheweke umpetan.
Kebeneran ing kono ana sawijineng wit gedhe kang
bolong. Karo Pakuwojo dienggo gawe panggonan umpetan supaya Sunan Katong ora
ngerti. Nanging, amarga ilmu kang diduweni, Sunan Katong bisa nemokake
Pakuwojo. Banjur Pakuwojo ngaku kalah.
Kaya janjine Pakuwojo maune, banjur dheweke
ngucapake 2 tembung syahadat gawe tandha yen dheweke mlebu islam. Karo Sunan
Katong, wit sing dienggo panggonan umpetan Pakuwojo diparingi jeneng pohon
Kendal (wit Kendal) kang artine “penerang”. Ing panggonan kuwi Pakuwojo kabuka
atine lan pikirane dadi padang lan mlebu islam. Kali kang digawe panggonan adu
kasekten diparingi jeneng wit Kendal yaiku kali kang mbelah tlatah Kendal,
tepate ing ngarep masjid Kendal. Pakuwojo sing awite karo wong-wong akeh
kondang kanthi jeneng empu Pakuwojo, karo Sunan Katong diparingi jeneng
pangeran Pakuwojo gawe panghargaan amarga dheweke petinggi majapahit. Awit kuwi
Empu Pakuwojo milih manggon ing desa Getas Kecamatan Patebon lan kala-kala
dheweke ana ing padepokane kang letakke ing perbukitan Sentir utowo Gunung
Sentir, lan dadi muride Sunan Katong. Banjur panggonan ing sekitaring wit
Kendal diarani Kendalsari.
Isih ana keterangan liya kang ana hubungane karo
jeneng Kendal. Disebutake yen Kendal asale saka tembung Kendalapura. Disawang
saka jenenge, Kendalapura iku ana hubungane karo agama Hindu. Artine yaiku
Kendal wis ana awit agama Hindu mlebu ing Kendal. Utowo paling ora ing donga
utowo mantera-mantera pemujaan wis nyebut-nyebut jeneng Kendal.
Uga ana keterangan kang nerangake yen Kendal
asale saka tembung Kendali utowo kantali. Jeneng iku disebut-sebut karo
wong-wong cina kang ana hubungane karo ditemukake area kang akeh ing tlatah
Kendal lan disebutake karo catatan kuwi yen candi-candi ing Kendal luwih tuwo
dibandingke karo Candi Borobudur lan Candi Prambanan.
Temuan kuwi pantes diparingi penghargaan lan dadi
kekayaane sawijining asal-usul, nanging akeh masyarakat luwih percaya karo
catatan babd tanah jawi kang nerangake yen jeneng Kendal saka sawijining wit
kang jenenge wit Kendal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar